
rikala netramu nyawang temelung nang mripatku
ana rasa adem njejet nang dadaku..
nunjem pulung atiku, dadi waspa tumetes siji-siji
rikala astamu kumlawe nggandeng tanganku
ana rasa gemeter adem panas nang awakku..
rikala nyawang lathimu sing mesem isih tetep ngujiwat,
kaya esem-esem 5 taon kepungkur....
pasuryanmu kaya padange rina ing tengah wengi
kang madangi jagat ananging ora krasa panas...
ah... tansah katon ing manik-manik netramu memanising crita kawuri
sing ora bisa ilang saka angen-angen lan ati iki.
impen kapang sing mung dadi sejarah..
sing tetep ndak simpen kanthi rapet jroning ati..
aku njaluk idi palilahmu nimas...
yo wis ben kabeh tansah dadi crita sing endah
yo wis ben dadi sejarah
yen to antarane aku lan sliramu pancen ana crita
crita tresna sing kebak tangis
amarga pancen butuh sewu wangsulan
saka siji pitakonan
rasa tresnoku marang sliramu apa salah ?
2 komentar:
Idih, di alinea ke-4 koq ada namaku, mas??
aduuuh, aku jadi inget peristiwa 9 tahun yang lalu mas.....
bahkan nimasku itu belum nikah sampai sekarang. Tapi yo uwislah yang lalu biarlah berlalu, biar jadi kenangan manis. Yang jelas aku sekarang dah nikah dan dikaruniai anak perempuan yang lucu dan bandel banget.
Wis mas puluh2 wae yo......
Posting Komentar